Kowe sing tak tresnani
Tapi malah tegane ngelarani
Kowe sing selalu tak perjuangke
Tapi malah disepelekke

Nggo ngapa bebarengan
Yen pancen kowe ra sayang?
Nggo ngapa kowe teka
Yen ujunge mung nggawe lara?

Senajan tresnamu iseh kanggo wong liya
Mung isa ngempet lara ning jero dhadha

Yen pancen kowe arep nyandhing tresna liyane
Aku ikhlas lahir batine
Muga Gusti maringi restune
Kowe nyandhing tresna liyane

Pangapurane, Kangmas, yen wes nglarani atimu
Jujur, aku durung isa nampa sliramu
Pancen iki takdire, aku ra isa ro kowe
Tekan semene critaku ro kowe

Yen pancen kowe arep nyandhing tresna liyane
Aku ikhlas lahir batine
Muga Gusti maringi restune
Kowe nyandhing tresna liyane

Ikhlasna aku, durung isa nyandhing sliramu
Pangarepku kowe oleh penggantiku
Sing luwih sayang, sing luwih tenanan
Aku sadhar diri, ra isa dadi siji

Kowe nyandhing tresna liyane
Kowe nyandhing tresna liyane

MusikLib

Artis

:

Judul

:

Tresno Liyane

Published

:

February 29, 2024